Monday, May 11, 2015

Samuning Asepi


Nganti sepet mripatku njingglengi wewayanganmu
Dak wiyak sakehing kori wengi
Menawa wae sliramu durung nendra
Dumadakan mung suwara jangkrik lan walang sangit
Uga unine kinjeng tangis...
Kapiyarsa nggrantes lir ati kang miris
Pindha ngerti menawa ati iki nglangut kemulan sepi
Becik daklari sajroning impi...
Ngulandara turuting wana
Jajah desa milangkori
Mecaki wukir lan jalanidhi
Ngajab sedyanig nala
Muga sedya bakal tinarbuka
Sanadyan mung gepok suksma
Den kapang pan antuk tamba
Ron-ron ing pategalanku isih katon wilis...
jenar wae ora katon...
apa maneh dadi aking,
sanadyan ing ari kebrongot surya
ing ratri kuluban kekesing samirana
Aku ora kendhat sesiram...
sakehing taru sing tuwuh ana pategalanku
dimen kembange tansah ngrembaka
godhonge uga ngrembuyung
mayungi ati manawa lagi kebranang
Kabeh daklakoni karanan sliramu
bramantyaku tansah daksidhem
pingget ati tansah dakrasa ayem
aku mung butuh lathi kang mesem
lan tetembungan kang ngandhet rasa tentrem

*sumber : https://www.facebook.com/groups/276322639107292/?ref=bookmarks

0 comments:

Post a Comment